Sugeng rawuh Ramadlan
(Jumat, 02 Juni 2017)
Sekabehane manungsa
kewan uga
tanduran-tanduran sami
bebungahan
atine ngaweruhi satunggaling
sasi
kang dadi kamulyan
yakuwi Ramadlan
Saben wengi ing mesjid
lan langgar
kepireng swara sing
nglaras dateng kalbu
swara sak ayat Al
Qur’an kitab suci
kitab tuntunane sedaya
umat Islam
Yen tabuh setunggal
nganti tiga panjerina
wong-wong padha oprak
ana sing
nyangking kenthongan
jedor lan sapinunggale
nggugahake wong sing
isih turu ben
tangi kanggo nglakoni
mangan saur
Mangkunu kedadeyan sing
kelakon nganti
sakwulan muput ing
njerone sasi poso
ati sing reget mugi
dadi resik kaya dening
bayi procot lagi lair
ing bumi iki
Sugeng rawuh Ramadlan
duh Gusti Allah
kang paring kawelasan
sakwulan mengka
Insya Allah kula saged
nglampahi crita suci
iki sing kudu ikhlas
dak lakoni saktulus ati.
Ramadlan 1438 H.