Sabtu, 03 Juni 2017

Sugeng rawuh Ramadlan



Sugeng rawuh Ramadlan
(Jumat, 02 Juni 2017)


Sekabehane manungsa kewan uga
tanduran-tanduran sami bebungahan
atine ngaweruhi satunggaling sasi
kang dadi kamulyan yakuwi Ramadlan
Saben wengi ing mesjid lan langgar
kepireng swara sing nglaras dateng kalbu
swara sak ayat Al Qur’an kitab suci
kitab tuntunane sedaya umat Islam
Yen tabuh setunggal nganti tiga panjerina
wong-wong padha oprak ana sing
nyangking kenthongan jedor lan sapinunggale
nggugahake wong sing isih turu ben
tangi kanggo nglakoni mangan saur
Mangkunu kedadeyan sing kelakon nganti
sakwulan muput ing njerone sasi poso
ati sing reget mugi dadi resik kaya dening
bayi procot lagi lair ing bumi iki
Sugeng rawuh Ramadlan duh Gusti Allah
kang paring kawelasan sakwulan mengka
Insya Allah kula saged nglampahi crita suci
iki sing kudu ikhlas dak lakoni saktulus ati.
                                         Ramadlan 1438 H.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...