Geguritan
Irah-irahan: Pegat Trisno
Dening : M.Faridcahya Hendrawan.
Wayah wengi angina
sumilir
Udan gerimis ora
uwis-uwis,
Banyu sing mili
saya nambahi
Susah sajroning atiku,
Petenge wengi
iki ora bisa
Gawe bungahe atiku
amerga
Aku sing kelingan
sliramu.
Apa lali apa
pancen wis ngelali
Sumpah prasetya
urip bebrayan
Mbesuk nganti
tumekaning pati,
Tresnamu apa
among esuk dele
Sore
dadi tempe, Aku
kok anggep
Guyonan wae, Aku
ora percaya
Nanging wis
ora bisa diapusi
Yen
trisnamu luntur kegawa
Milining banyu
sing netes.
Wis cukup sakmene
wae lilaknono
Yen Aku mlayu ninggalake
sliramu,
Iki wis dalane
yen Aku kudu
Pegat tresno
marang sliramu.
Terbit: Rabu, 10 Agustus 2016.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar