Jumat, 01 Desember 2017

Layang Kanggo Kancaku

Layang Kanggo Kancaku

Karya :MOCHAMMAD FARID CAHYA HENDRAWAN
           (puisipenyairmudabojonegoro.blogspot.com)
Terbit  :Kamis, 30 November 2017

Kanca-kancaku
Sliramu  sing  gawe  bungah  pangrasaku
senadyan  kadhang  kala
ora  sengaja  aku  gawe  gela  atimu
Kanca-kancaku
ana  crita  sing  angel  kanggo
di lalekake  masiyo  saiki
Sliramu  kabeh  pisah  karo aku
nanging  rasa  kekancanmu
sing  raket  ora  bakal  ilang
teka  atiku
Kanca-kancaku
saben  ing  panggon  sekolahan
Sliramu  demen  ngajak  guyonan
amerga  mung  siji  sing  dadi
tujuan  yaiku  rasa  katresnan
marang  kanca  sakperjuangan
Kanca-kancaku
Layang  arupa  geguritan  iki
bakal  dadi  panglipur  kangen
nalika  sliramu  mlaku  tumuju  ngimpiku
Kanca-kancaku
matur  nuwun  wis  menehi  kasetyaan
nganti  wis  tumiba  ing
mangsa  wayahe  perpisahan



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...