Jumat, 25 Mei 2018

Banyu Tresna


Banyu Tresna
Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan


Ana sawijining tresna
tresna suci kang tak rangkep
kelawan dedonga lan tetulak
yakuwi tresna suci arupa banyu
Banyu suci saka kaendahane rasa
Marang sliramu sing gawa aku
melu mlaku meneng golek
Kasampurnaning gesang ing bumi iki
Aku lan sliramu mung amuji-muji
Kapan enggal manggon bebrayanan
tumuju ana ing sasana pawiwahan
Duh kusumaning raga
Aku mung ngawedarake tresna ku
ora dak suwun donya pangkat derajat
apa maneh kalunggahanmu
nanging tresna kang dak tandur ing raga
Duh Manungsa Ayu
muga ayune pawakanmu uga pepindo atimu
lan sifatmu nadyan sliramu iku durung resmi
resmi dadi garwa pramespari ning nata
Aku njaluk siji
yaiku amung tresna tresna lan tresna
Banyu iki amung dadekake ragaku
ora bisa solah tingkah akeh-akehan
amerga sliramu wus kebak ngebaki taman
Taman kang isine kangen lan penjalukan
Duh Lelagon Tresnaku
Dak rungokake swara endah mu
nalika arep ngombe banyu ing kendhi
gambar Ayu mu mung nggoda atiku
lan agawe kasengsem tresnaku

Terbit : Rabu, 23 Mei 2018


1 komentar:

  1. BABYLIS Pro Nano Titanium - iTanium Arts
    This product has a unique titanium teeth nano titanium structure. titanium chainmail The structure and functions titanium scissors of the BABYLIS PRO Nano is titanium or ceramic flat iron perfect for various applications. Rating: titanium blue 5 · ‎3 reviews

    BalasHapus

Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...