Rabu, 05 Oktober 2016

Layang kangen (GEGURITAN)

Langit mendung tumiyung mudhun
Ngebis udan gerimis saktenane
Kowe ngreti Aku , kowe maphakake
Aku kok candhak tanganku kok
Gandheng tanganmu nggawe payungmu.

Nanging sayange kabeh mau mung ngimpi
Suwe banget kowe pisah karo Aku
Nganti Aku kangen karo sliramu
Ndang baliyo wong manis sing dadi
Pepujaning ati apa kowe tega ninggalake
Aku rina wengi tansah kelingan esemmu.

Dak tulis isine ati iki muga
Bisa dadi tombo kangenku,
Muga enggal ketemu sliramu
Lewat tulisan ing dluwang iki
Swara tresnaku banjur lumantar
Marang atimu.
Lewat swara iki Aku ngucapake
Kangen sing kadudut ing kalbu,
Nanging Aku mung tansah mangsuli
Pitakone ati kanthi ketemu janji
Suci tumekane pati.


Terbit : Selasa, 04 Oktober 2016.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...