Ana ing panggonan iki
Panggonan ku nalika
wayah esuk nganti
Awan ngudi kaweruh
nyuwun asih
Saha kawelasan pituduh
lan kamurahan
Ngelmu saka kang maha
Wasesa.
Saben dina lumakuku
mesthi
Aweh pitutur saha
Piwulang
Kang ditujokake saking
Bapa
Saha Ibu Guru ingkang
dak
Kaula tresnani lan
kurmati.
Nadyan wektune bisa
diarani sedhela
Nanging ana ing
panggonan iki
Sampun mbukak
sakabehing pituduh
Sing durung dak kaweruhi
nganti
Saiki Aku urip ing
donya iki lan
Iku kabeh minangka
sregepe Aku
Sinau ing Sekolahan
iki.
Senajan rinasa abot
paribasan
Larane ora ana sing
bisa ngerasakake
Ning aja nganti amarga
prakara iku
Tekadku dadi buyar
kabuwak muspro
Lan dadekake uripku
bakal sangsara,
Sekolahanku matur nuwun
sliramu
Tansah reruntungan karo
crita uripku.
Terbit :
Minggu, 23 Oktober 2016.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar