Senin, 10 April 2017

UNBK SMANSAGA

UNBK SMANSAGA
Terbit : Sabtu, 08 April 2017.


Dina senin tanggal sepuluh sasi april  2017
Kakang lan Mbak yu senior kelas rolas
IPA sarta IPS nglakoni ulangan nanging
ing jaman modern saiki sekolahanku SMANSAGA
Wis ora nglakoni maneh sing arane UNAS ning
Saiki diarani UNBK
taun  2017 SMANSAGA iki
dluwang potelot lan setip dadi nomer selawe sing
utama mung komputer lan papan gawe ngetik
Minangka dadi sarana ujiane.
Repekan tradisi plengakan noleh mrono mrene
ora ana ajine maneh sing wigati madhep ndeleng
Sakngarepe layar monitor komputer ben biji
Ujiane bisa gawe bungahe kulawarga.
Kakang lan Mbak yu nadyan Aku ora
pati tepang lan rumaket marang kowe
Mugiya Gusti sing aweh kamulyane siang lan ratri
bakal dadekake ujianmu dina iki  iso kasil apik
sepadan dening sing kok impenake lan aja lali

Kunci jujur sing kudu dadi nomer siji. Amin

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...