Khayangan Api
Ana ing bumi Angling
Dharma
Sisih kidul saka kutha
Bojonegoro
Desa Sendang Harjo
katon lathu
Pranyata nyunari
sakabehing wana
Ing sakiwa lan tengene
maringake
Agni semangat saha
tekad kagem
Para kulawarga
masyarakat Bojonegoro.
Khayangan Api
Kaendahane ora lekang saka
Panggerusane jaman sing
sarwa edan
Agni sing moncar
molat-molat
Angambari pepadhangi
donya.
Khayangan Api
Dadi seksi kaluhuring
budi
Pekerti kabeh
pahanguripan
Kang ana ing bumi
pertiwi.
Khayangan Api
Terus menehi trubusan
kaweruh
Kanggo pepenget mudha-mudhi
Sing lagi ngangsu
kaweruh saben
Dina nalika srengenge
awit
Sumunar nganti sumurupe
srengenge.
Terbit :
Jumat, 21 Oktober 2016.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar