Ramadhan Wis Teka
Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan
Tanggal siji ngancik sasi pasa
utawa sing luwih dimangerteni Ramadhan
saiki wis teka ing ngarepe netra
Sakwulan muput iki bakal dadi wulan
kang dadi kautaman saka sekabehane wulan
krana ora ana wulan-wulan liyane
sing wis di titahake Gusti Pangeran
bisa gawe nglebur dosa kang sirna
lan kelakon sakdurunge tekane wayah pasa
swara-swara kumandange tadarus Al Qur’an
ing saben langgar lan masjid tansah mbedahi
dalan ati kang kebak banyu rusuh
nyucikake ati ben padhang cumedhak Gusti
ngilangake drengki ana lathi lan pikiran
Saben arep mangan saur lan nindakake pasa
kenthongan dadi seksi suci minangka
ngancani wulan pasa sing ora bakal bisa
mlaku saklawase nganti pirang-pirang mangsa
Duh Gusti ingkang Pepanggihan Kawelasan
Mugi-mugi nalika njangkepi ngibadah pasa iki
bisa antuk berkahing Gusti lan tansah
Cecaketan gandheng nglakoni budi utama
Ngarsa Dalem Allah SWT.
Amin Ya Rabbal Allamiin
Sugeng Nglampahi Ibadah Pasa 1439 H.
Terbit : Jumat, 11 Mei 2018
Tidak ada komentar:
Posting Komentar