Senin, 15 Januari 2018

Aja Cidra

Aja Cidra
Dening : Moch.Farid Cahya Hendrawan


Saben wektu
sering banget nindakake dosa
saben dina luwih akeh mikirake
banda donya tinimbang temenan
ngawigatekake akhirat sing utama
Manungsa kuwi sakjane kudu
tansah eling marang Kang Kuwasa
aja asring tumindak kanthi cidra
marang Gusti Kang Maha Mulya
Saben dina
akeh-akehana ngibadah sing sregep
Aja mung rekasa nyambut gawe
nganti lali yen dina mbesuk bakal
Bali sowan ing Ngarsane Gusti
Saben mlaku
ing ngendi wae papan tumujumu
Aja nganti iman ning njero atimu
uwal saking uripmu


(Terbit : Senin, 15 Januari 2018)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...