Senin, 15 Januari 2018

Pak Tani

Pak Tani
Dening : Moch.Farid Cahya Hendrawan


Srengenge wis jumudhul tansah
gumebyaran madhangi jagad raya
embun putih isih netesi lemah
pithike sesautan kluruk dhewe-dhewe
nangiakake para manungsa awit teka
Abdine negeri nganti Bapak Tani
Sinambi nyangking celurit pundhake
mikul pacul saperlu anggarap sawah
supaya bisa ngasilake tanduran
kang turah-turah saha berkah
tandurane katon ijo royo-royo dadi
Kanca setyane Pak Tani gawe Bangsa
ben kauripane tansah peparingana
Gemah ripah loh jinawe lan mugiya
di adohake saking sekabehepancabaya
Pak Tani sliramu kayadene lintang
nadyan kadhang kalane wong-wong wis
sesengguran turu ning isih madhangi
jagad raya ing wayahe wengi semono
uga sliramu masiyo penggaweyanmu
ora sakdalan karo tujuwanmu
Sliramu tetep rekasa nyambut gawe
Kanggo anak putumu ing tembe mburine


(Terbit : Senin, 15 Januari 2018)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...