Wong-wong
pada lungguh
Gegojekan
sinambi ngunjuk kopi,
Ana
sing dolanan, Ana sing lagi
Adol
tinuku, uga wong-wong
Sing
sayuk ngenteni lingsir wengi.
Rina
isih kelingan tumekaning wengi
Lampu-lampu
katon padang jingglang
Ngalahake
petenge surup surya,
Saben
wengi muda-mudi
Ngalor-ngidul
ngobrol tanpa guna
Utawa
andum katresnan mring pepadane.
Warung
kopi, saben wengi
Nganti
ndinan-ndinan ora tahu sepi,
Nadyan
ora akeh sing di lakokake
Nanging
paedahe akeh banget olehe,
Kaya
nambahi kekancan uga
Pasinaon babagan kemasyarakatan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar