Selasa, 25 Juli 2017

Kembang Desa

Kembang Desa
(Senin, 24 Juli 2017)

Slirane tansah misuwur banget
Asmane mangambar-ambar sak desa
nganti gawe sengseming penggalih
Slirane uga katon endah banget
kerana paesane kang ayu widodari
ngembari kaya dene kembang sing mekrok
ing wayahe esuk sakdurunge jumudhul surya
Slirane ngambar arum kawentar
minulya marang sak kubengane desa
tansah ngiseni sawijining wong
Wadon kang ayu praupane katon
elok sing setyo ngancani taman katresnan
Kembang desa kapupuk-pupuk
kahanane sing wis minayungan
dadi wadhahe para taruna priya
kadhendhem-dhendhem kanggo siji
Priya sing amung kok gawe tresna


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...