Selasa, 25 Juli 2017

Loro lintang Uripku

Loro lintang Uripku
(Selasa, 25 Juli 2017)

Saben wengi nalika arep nyelehake
sirah nganti pucuke sikilku ora lali
Aku nyawang lintang sing lagi abyor
sing tansah agawe tentreming pangrasa
lintang lan rembulan minangka kanca
nalika ngimpi ngeremake rong netra
Uripku ing njero donya iki mbiyen
di kancani karo loro lintang kang tansah
miguna saha wigati saklebete dalan tresnaku
lintang-lintang kuwa ora tau pisah
Marang sliraku nanging apa kang mlaku
mung sewates angen-angene pikiranku
Gusti ngandika seje yen siji lintang
dumadakan wis dhisik mabur menyang cakrawala
Sedhih banget rasane ati iki saiki lintang loro
mung ana siji aku dedonga mugi-mugi gusti
bisa bebarengan karo siji lintang nganti ing dina
mburi mbesuk uripku bakal mukti lan murakapi




Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...