Matur Nuwun Guruku
Karya :MOCHAMMAD FARID CAHYA HENDRAWAN
(puisipenyairmudabojonegoro.blogspot.com)
Terbit :Jumat, 24 November 2017
Panjenengan pepindho surya
sing jumudhul rikala
teka senja
nadyan amung sedhela
Panjenengan
tansah setya tuhu
ngancani sliraku
nganti Panjenengan bakal
pisah
lan ora bisa
maringi kaweruh utawa
ilmu sing miguna
kanggo uripku
Panjenengan
tetep rekasa
ora
ngawigatekake rasa lungkrah
nalika saben Penggaweyanmu
mulang
Panjenengan
tansah ngawiji lan
sabar
masiyo lara ati
sing ana ing Penggalihmu
Guruku Panjenengan kaya
dene
tirta segara sing
kebak pitutur
saha budi pekerti
kang misuwur
Tata lakumu bisa
dadi panutanku
amerga Panjenengan dalan
ing impenku
Matur nuwun para
guruku
sembah atur surasa
sungkem
saha
pangabektenku tansah
atut runtut lumantar
ing pandongaku
Tidak ada komentar:
Posting Komentar