Jumat, 01 Desember 2017

Tresna Wayah Wengi

Tresna  Wayah  Wengi

Dening : MOCHAMMAD FARID CAHYA HENDRAWAN
Karakit : Sabtu, 11 November 2017

Wengi  iki  ana  dalan  anyar
mlebu  nglewati  pangrasa  ing  atiku
Tansah  sepi  tanpa  ana  swara
ngumandhang  keprungu  tekan  kuping
kejaba  sliramu  sing  nyebut  asmaku
Kemulan  kangen  lumintu  dadi  siji
melu  ngancani  laku  turu  saben
mripat  iki  arep  merem  mung  esem
lan  gumuyumu  kang  nggoda  atiku
Tresnaku  nalika  wayah  wengi
katingal  asmara  sabubare  badhan
mujur  malang  tumuju  marang
Impen  elok  bab  ati  kang  wutuh
masiyo  katindhes  nasibing  dhiri



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...