Cemloroting srengenge kang sumunar
Saka sisihing wetan jagat raya
Angglegar-glegar madhangi saputing
Wilayah Indonesia kang mardika,
Menehi semangat marang
Muda-mudining Bangsa.
Ing bumi Jepara provinsi Jawa tengah
Ana sawijiningWanita kang rekasa,
Mbela, lan gelem merjuangake derajat
Uga martabate Wanita, kang dadi kembangeBangsa,
Lan sesilih asma Raden Ajeng Kartini.
Senajan dipingit wong tuwa kekarone
Ora dadekake perjuangane bakal kandheg
Anggone mbela masa depane kaum
Wanita, sendyana isih timur yuswane, ananging
Rekadayane ing nalika jaman penjajahan bisa
Ngungguli marang rekasane kaum priya
Ing rikolo semomo.
Kartini………………
Wanita sing duweni otot kawat balung wesi,
Kartini…………….
Wanita sing dadi Ibune paraWanita Indonesia,
Oragelem yen dheweke dipanggonake ing
Panggonan sing luwih rendah,
Oragelem yen Wanita
among diutus
Ing pawon, sumur, lan mung paesan bae,
Nanging amerga watake kang gagah prakosa
Wanita bisa dadi pimpinaning Bangsa.
Nanging ing jaman reformasi iki
Akeh wong wadon sing nganggo busana
Kaya wong wuda, sopan santun lan tata krama
Sing wis ora kena ditata, saya sumrambah sadalan
Dalan kaya wong edan.
Raden ajeng Kartini………
Duweni tekat kang minulya lan raharja
MringWanita ,mugi tansah pinaringan uga
Aweh kabegjan mring kang PurbingWasesa,
Lan pepadang kang tinerang kaya sinaring rembulan.
Raden ajeng Kartini…....
Ayune ngebaki cahyaning donya,
Gemuyune kaya Dewi Sinta
Sing jelma dadi Kartini.
Matur suwun …..duh Ibu Kartini
Wiwit nganti tumekan saiki
Wong wadoning Negara iki wis
Bisa madhakake kalungguhane
Kaya dene wong lanang .
Muga-muga
Panggonan mu disarekake wonten
Swarganing Gusti maha Agung kang mulya
Kembanging donya kagem Para Wanita.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar