Sabtu, 03 September 2016

Kedanan ( Geguritan)

Yen nyawang atiku kebimbang
yen turu bakal kelingan sliramu,
sapa wong sing ora kegodha
weruh wadon ayune pindho Dewi Sinta,
Mripate bunder eseme merak ati
mlakune alon-alon kaya Putri Nggunung.

Pancen ora ana tandinge sinajar
lintang rahine terus sumunar
ora ilang nadyan wis ora awan,
Aduh...Cah Ayu esemmu
agawe bingung atiku saben sore
nalikane ngenteni lintang Aku madhep
menduwur sing dak sawang dudu
lintang nanging Sliramu sing kebak
ketingal ing awang-awang.


Saiki sliramu adoh saka sangkan paran
nanging senajan ngunu Aku ora
banjur nglirwakake tresnamu,
nadyan kowe ana ing manca
Aku ora bakal pegat tresno, tresnaku
lan sliramu nadyan durung ana
pungkasane sing tak suwun rina wengi
tresnamu tetep wutuh kanggo Aku.

Terbit: 15 Agustus 2016
             Pada hari senin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...