Ceritane wong seneng kancane dhewe,
wiwitane lungguh bareng sak bendinane,
Saya suwe saben pethuk ayem atine
banjur muni Aku tresno kowe.
Kembang nongko mekare siji
aja digawa gelo lan ngelarakno ati,
Kembang kelopo iku arane nanggar
yen wis tresno aja nganti dilanggar,
Iku paribasane yen tresno kowe
Aja nganti tresnamu mung
Ana ing lathi syukur bisa
tresna sing tulus nganti mati,
Kembang gading iku mekare lima
mula sing eling aja mung digawe sembrana.
Mula wong kabeh sing pada
lagi nandang kasmaran aja
nganti keliru karo aturan,
Aja mung seneng nanging
kudu weruh yen tresno iku
ora bisa digawe dolanan.
Terbit: 11 Agustus 2016,
Pada hari Kamis,
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Banyu Tresna
Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...

-
Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...
-
Layang Kanggo Kancaku Karya : MOCHAMMAD FARID CAHYA HENDRAWAN ( puisipenyairmudabojonegoro.blogspot.com ) Terbit : Kami...
-
Geguritan Irah-irahan: Pegat Trisno Dening : M.Faridcahya Hendrawan. Wayah wengi angina sumilir Udan gerimis ora uw...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar