Sabtu, 19 November 2016

Maafkanlah

Maafkanlah
Buah karya : M.FARID CAHYA HENDRAWAN
Maafkanlah diriku oh kasih
Aku tak sengaja mengkhianatimu
Biarkanlah yang dulu berlalu
Jangan kau ingat crita semusim lalu,
Maafkanlah diriku oh kasih
Aku tak sudi mengecewakan
Cinta yang bertahun-tahun
Lamanya kau simpan di bahtera
Cinta kasih kita berdua.


Maafkanlah diriku oh kasih
Jangan merana jangan gelisah
Aku tak akan rela bila dirimu
Hendak menjauh dari hidupku,
Oh sayang oh kekasihku
Cepatlah kembali tiada samanya
Cinta orang lain yang sama rasanya
Dengan rasa cintamu dengan diriku.

Maafkanlah diriku oh kasih
Aku terlena dengan ketulusanmu
Hingga daku mendua berpisah
Dengan dikau yang selalu
Setia menanti oh hamba,
Maafkanlah diriku oh kasih.

Terbit :
             Jumat, 21 Oktober 2016.



Sekolahanku

Ana ing panggonan iki
Panggonan ku nalika wayah esuk nganti
Awan ngudi kaweruh nyuwun asih
Saha kawelasan pituduh lan kamurahan
Ngelmu saka kang maha Wasesa.

Saben dina lumakuku mesthi
Aweh pitutur saha Piwulang
Kang ditujokake saking Bapa
Saha Ibu Guru ingkang dak
Kaula tresnani lan kurmati.
Nadyan wektune bisa diarani sedhela
Nanging ana ing panggonan iki
Sampun mbukak sakabehing pituduh
Sing durung dak kaweruhi nganti
Saiki Aku urip ing donya iki lan
Iku kabeh minangka sregepe Aku
Sinau ing Sekolahan iki.
Senajan rinasa abot paribasan
Larane ora ana sing bisa ngerasakake
Ning aja nganti amarga prakara iku
Tekadku dadi buyar kabuwak muspro
Lan dadekake uripku bakal sangsara,
Sekolahanku matur nuwun sliramu
Tansah reruntungan karo crita uripku.

Terbit :

             Minggu, 23 Oktober 2016.

Khayangan api

Khayangan Api
Ana ing bumi Angling Dharma
Sisih kidul saka kutha Bojonegoro
Desa Sendang Harjo katon lathu
Pranyata nyunari sakabehing wana
Ing sakiwa lan tengene maringake
Agni semangat saha tekad kagem
Para kulawarga masyarakat Bojonegoro.


Khayangan Api
Kaendahane ora lekang saka
Panggerusane jaman sing sarwa edan
Agni sing moncar molat-molat
Angambari pepadhangi donya.
Khayangan Api
Dadi seksi kaluhuring budi
Pekerti kabeh pahanguripan
Kang ana ing bumi pertiwi.
Khayangan Api
Terus menehi trubusan kaweruh
Kanggo pepenget mudha-mudhi
Sing lagi ngangsu kaweruh saben
Dina nalika srengenge awit
Sumunar nganti sumurupe srengenge.

Terbit :

             Jumat, 21 Oktober 2016.

Alun-Alun Bojonegoro

Alun-Alun Bojonegoro
Dening: M.FARID CAHYA HENDRAWAN
Alun-Alun Bojonegoro
Kang dumunung wonten ing
Sangajengipun pendopo
Kabupaten Bojonegoro.


Alun-Alun Bojonegoro
Pamandanganmu sarta paes
Praenanmu tansah ndudut ing
Sak njeroning kalbu.
Alun-Alun Bojonegoro
Crita yekti sing mblaka banget
Ing saben rina nganti wengi
Sing dadekake ora bisa lali.
Alun-Alun Bojonegoro
Katresnan kang tumetes ing
Pangereseping ati tansah ngujiwati
Mbubari kalamunan ing saben mimpi.

Terbit :

               Jumat, 21 Oktober 2016.

Swasana Dhalu

Swasana Dalu
Dening : M.FARID CAHYA HENDRAWAN
Wayahe wus lingsir wengi
Suryane sayub-sayub anutupi jagad
Manuk-manuk nuli manggung ana
Ing plangkringan sarwi ngoceh
Bebarengan gandheng lintang kang
Mlaku mideri sakabehe jagad raya.
Warung-warung kebak keramenan
Lampu-lampu dalanan amadhangi
Wong-wong sing sanja ing warung
Rembulan tansah ngawe-awe
Kanggo tetandha wulan purnama
Wis wayahe titi mangsa.
Omah-omah katon sepi mampring
Lawang kabeh katon katutup rapet
Selambu cendhela uga wis ketalen
Bocah-bocah cilik wis padha
Mapan turu kanthi kerasa angler
Nadyan jengklonge uga nggerumbul
Ngerubungi sak kujure awake.
Dalanan katon mbunder seser
Amerga akeh kandharaan sing
Mlaku banter embuh arepe
Budhal makarti utawa mulih
Anggone nyambut gawe sedina.
Dalu iki kabeh wis katon peteng
Nanging rembulan lan lintang
Tansah setiya ngancani kawula
Kabeh nganti mengko wis wayahe
Adzan subuh bakal dikumandangke.

Terbit :

              Jumat, 21 Oktober 2016.

Kerinduan

Kerinduan
Buah karya : M.FARID CAHYA HENDRAWAN
Semalam Aku bermimpi melihat bulan
Tersenyum-senyum memandangiku
Sekilas terbuka tirai jendela rumah
Aku lihat oh indahnya angin
Malam semilir-semilir bersahutan
Mengajakku untuk berdendangan.
Di malam ini ku pandangi langit
Bersinar terang memaduku dalam
Sunyinya keheningan
Aku tutup rapat-rapat pintu rumah
Aku dengarkan nyanyian selamat malam.
Hati yang tidak lagi berpenghuni
Berlarian menghirup udara nan segar
Menata-nata rapi dentuman arah
Jarum jam di kerinduan malam.
Kekosongan cinta menyisihkan
Runtuhan puing-puing kenangan
Sunyinya batin menyerukan
Lantunan sajak perpisahan
Air yang tidak lagi mengalir
Menembus kerinduan hati memisah
Antara Romeo dan Juliet.
Entah kapan akan bertemu lagi
Dengan Seorang pengganti kekosongan
Hati yang semakin lekat membekas
Menjejakkan kerinduan di dalam hati.

Terbit :
             Kamis, 20 Oktober 16.


Lunture Asmoro

Lunture asmoro
Dening: M.FARID CAHYA HENDRAWAN
Kowe teka mung banda dengkul
Karo minyak pometmu sing
Kok ratakake ing rikmamu
Ora lali agemanmu uga kebak
Wangen-wangen sing agawe
Atiku kepiyak-piyak marang
Wewangene katresnanmu.
Prasasat ora ana awan lan wengi
Kajaba ndiko sing memaesi
Praupane isun ing njero ning ati
Rina kapikir dadi wengi semono
Uga wengi prasasat dadi rina.
Tresno sing wis lumuntur dening
Prasulayane jiwa tansah mudhari
Kembang-kembang sing wis padha
Ngelayu awit keprungu yen
Riko mungkasani taline asmoro
Sing sayektine mung digawe siya-siya.
Tresnamu ora bisa ngimbangi
Anggone uripku sing tansah
Ngawuyungake riko,
Melathi sing rinonce-nonce
Sampun ambyar lan udar
Marang lamise pocapanmu.
Mung siji sing dadi pangarepanku
Masiyo wis luntur tresno iki
Muga tansah tan kena pedhot
Sambung kancan nadyan ora bakal
Nyandhak jejuluk jejodhoan wis
Rampung olehku nyerat seratan saklarik
Iki muga bae bisa dadi tembang kangen
Kanggo atiku sing uwal saka atimu.

Terbit :
             Rabu, 19 Oktober 2016.







Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...