Lunture asmoro
Dening: M.FARID CAHYA HENDRAWAN
Kowe teka mung banda
dengkul
Karo minyak pometmu
sing
Kok ratakake ing
rikmamu
Ora lali agemanmu uga
kebak
Wangen-wangen sing agawe
Atiku kepiyak-piyak
marang
Wewangene katresnanmu.
Prasasat ora ana awan
lan wengi
Kajaba ndiko sing
memaesi
Praupane isun ing njero
ning ati
Rina kapikir dadi wengi
semono
Uga wengi prasasat dadi
rina.
Tresno sing wis
lumuntur dening
Prasulayane jiwa tansah
mudhari
Kembang-kembang sing
wis padha
Ngelayu awit keprungu
yen
Riko mungkasani taline
asmoro
Sing sayektine mung
digawe siya-siya.
Tresnamu ora bisa
ngimbangi
Anggone uripku sing
tansah
Ngawuyungake riko,
Melathi sing
rinonce-nonce
Sampun ambyar lan udar
Marang lamise
pocapanmu.
Mung siji sing dadi
pangarepanku
Masiyo wis luntur
tresno iki
Muga tansah tan kena
pedhot
Sambung kancan nadyan
ora bakal
Nyandhak jejuluk
jejodhoan wis
Rampung olehku nyerat
seratan saklarik
Iki muga bae bisa dadi
tembang kangen
Kanggo atiku sing uwal
saka atimu.
Terbit :
Rabu, 19 Oktober 2016.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar