Sabtu, 19 November 2016

Alun-Alun Bojonegoro

Alun-Alun Bojonegoro
Dening: M.FARID CAHYA HENDRAWAN
Alun-Alun Bojonegoro
Kang dumunung wonten ing
Sangajengipun pendopo
Kabupaten Bojonegoro.


Alun-Alun Bojonegoro
Pamandanganmu sarta paes
Praenanmu tansah ndudut ing
Sak njeroning kalbu.
Alun-Alun Bojonegoro
Crita yekti sing mblaka banget
Ing saben rina nganti wengi
Sing dadekake ora bisa lali.
Alun-Alun Bojonegoro
Katresnan kang tumetes ing
Pangereseping ati tansah ngujiwati
Mbubari kalamunan ing saben mimpi.

Terbit :

               Jumat, 21 Oktober 2016.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...