Sabtu, 19 November 2016

Swasana Dhalu

Swasana Dalu
Dening : M.FARID CAHYA HENDRAWAN
Wayahe wus lingsir wengi
Suryane sayub-sayub anutupi jagad
Manuk-manuk nuli manggung ana
Ing plangkringan sarwi ngoceh
Bebarengan gandheng lintang kang
Mlaku mideri sakabehe jagad raya.
Warung-warung kebak keramenan
Lampu-lampu dalanan amadhangi
Wong-wong sing sanja ing warung
Rembulan tansah ngawe-awe
Kanggo tetandha wulan purnama
Wis wayahe titi mangsa.
Omah-omah katon sepi mampring
Lawang kabeh katon katutup rapet
Selambu cendhela uga wis ketalen
Bocah-bocah cilik wis padha
Mapan turu kanthi kerasa angler
Nadyan jengklonge uga nggerumbul
Ngerubungi sak kujure awake.
Dalanan katon mbunder seser
Amerga akeh kandharaan sing
Mlaku banter embuh arepe
Budhal makarti utawa mulih
Anggone nyambut gawe sedina.
Dalu iki kabeh wis katon peteng
Nanging rembulan lan lintang
Tansah setiya ngancani kawula
Kabeh nganti mengko wis wayahe
Adzan subuh bakal dikumandangke.

Terbit :

              Jumat, 21 Oktober 2016.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...