Rabu, 05 Oktober 2016

Pamite Gelang kalung (GEGURITAN)

Sansaya kelingan dek jamane urip
Susah nalika isih kumpul bebrayan
Gelang kalung amung gawe
Ati tansah kelingan rina wengi.

Lungamu ora dunung ing ngendi
Ninggalno Aku lan Anakmu
Nganti wayah iki, pancen Kowe
Ora getun Aku ora nggumun
Sliramu mesthi pedhot karo Aku.


Pamit makaryo kerjo nyang Suroboyo                 
Ning saiki  banjur lungo tanpo sworo,
Sliramu tego banget ora eling
Aku nanging karepanku elingono Anakmu,
Saben dina terus nakokake sapa
Iku Bapakke Aku mung meneng wae.


Gelang kalung dadi pepeling
Nalika biyen kowe isih nyanding
Senajan pedhot Aku uga nyimpen
Gelang kalung sing dak tompo
Kanggo bukten yen sliramu kudu
Eling marang wong sing kok
Tandur sangang sasi ing gua panggarbianku.

Terbit : Senin, 15 Agustus 2016.





Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...