Jumat, 07 Oktober 2016

Kangen bojo (GEGURITAN)



Kangen bojo
Dening : M.FARID CAHYA HENDRAWAN
(SISWA SMA NEGERI 1 SUGIHWARAS).

Ketawang swaramu terus kelingan
Marang manise esemmu kang tansah
Ngegodha gawe lara rasaning atiku,
Udane deres wanci ratri sansaya
Agawe susahing ati.



Fotomu sing katempel ing gebyok omah
Banjur dak pundhut tak usapi
Bleduk-bleduk sing kasaput ing
Sakiwa tengene fotomu tak aras
Pipimu tak suntek ing rangkulanku.

Lara nelangsa saya nambahi
Kangen sak njeroning manah
Apa pancen ndika wis ninggalake Isun,
Mabur dhuwur mbekta prasetya
Sing kanyatane kok apusi.


Pikiranku kayata lagi wuyung
Kabingungan mikirake Ndika ,
Apa pancen iki sing diarani
Lagi kangen bojo,
Muliha duh pepujaning atiku
Tansah kabukak jembar lawang omah
Kanggo ngentene kapan tekane sliramu.

Terbit : Rabu, 05 Oktober 2016.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...