Rabu, 05 Oktober 2016

Pegat Tresno-2 (GEGURITAN)

Ora kerasa luh iki banjur
Netes ing mripatku , sajak katon
Ora ngandel menawa dina iki
Dadi dina sing sedhih kanggo kowe,
Nanging apa sing dak nggambarake
Ana ing angen-angenku uga ora bisa
Dadi pepesthene tresnamu karo Aku.


Rinasa salah banget Aku wis nggawe
Prasulayane sliramu saben dina nalika
Isih kumpul bareng tresna iki lumaku
Kanthi ora ana rubeda, setya tuhu
Tresna sing kagurit ing saben critaku,
Kudu dak mbuang adoh-adoh aja
Nganti Aku terus sesandhingan bareng sliramu.

Nalika palu kadhodhok ing nduwur meja
Ora dak percaya mung sewates angen
Yen cagak asmoro sing dak mbelani
Kudu ilang saklawas-lawase,
Panyuwunku ora akeh sing tak
Tunggu muga-muga sabanjure
Pegat tresna iki dalanmu bisa
Jembar, bisa entuk wong sing kok
Rasa pantes nggantekake sliraku.


Terbit : Selasa, 04 Oktober 2016.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...