Jumat, 07 Oktober 2016

Guru (GEGURITAN)




Dening : M.FARID CAHYA HENDRAWAN
(SISWA SMA NEGERI 1 SUGIHWARAS)

Sliramu sansaya ngugemi kawula
Sedina rung dina kanthi pitungan
Taun panjenengan mugeri katresnan
Sing mung saged dados kenangane ati,
Senajan kadhang kala tingkah polah
Sing dak paringake nguciwakake panjenengan,
Katulusanmu banjur lumantar marang
Ilmu-ilmu sing sampun kok wenehake
Kagem bekal mbenjing ing dinten wingking.


Sliramu dene Pahlawan sing kaunen-unen
Tanpa nduweni tandha jasa sejatine
Gesangmu mung katulis kanggo ngabekti
Marang negeri lan ndamel kawula sing
Biyen sing mung mirengake banjur
Saged dados sing pawicaranipun, niku sedaya
Amerga Panjenengan , Guruku.
Guru saka tembung digugu lan ditiru.

Sembah panuwunku mung sewates
Mungel matur nuwun sing mboten
Ngunggulaken sedayane rekadayane Panjenegan
Duh Guru ingkang kawula tresnani,
Ilmu-ilmu sampun ngrasuk dateng
Piyambakipun kawula, Nyuwun agunging
Samodra pangaksami yen menawi kawula
Anggadahi kalepatane ati.

Terbit : Selasa, 04 Oktober 2016.








Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...