Rabu, 05 Oktober 2016

Pituture Gusti (GEGURITAN)

Becik apa wong urip ana
Ing ngalam donya yen wis ditinggal
Tata kelawan budi utomo,
Aja mingar-minger yen minger
Mundhak keblinger, yen wis bali
Amung sakcuil kain mori sing rusuh
Kebak reget-reget sing bakale
Kok mbekta mbesuk, nalika
Banjur madhep marang kang Kuwasa.
Yen digagas temen-temen
Kauripan ing donya iku wekasane
Amung sedhela, sing mukti saktenane
Amung manggon ing sawijining papan
Panggonan sing katutup urukan lemah,
Lan bantal watu , uga kewan-kewan
Sing ala sing setiya ngancani sliramu.


Aja dumeh yen sliramu sugih
Banda donya aja sumelang
Yen uripmu mung nandang
Kasengsaran, kabeh ing donya iki
Amung titipan sing lawas enggal
Bakal dipundhut karo sing nduweni,
Aja kakehan tumindak yen pengen
Pikantuk panggonan sing mulya
Awit saiki age-ageya nindakake
Sholat limang wektu, uga
Ngedohake sakabehe tindak munkar.
Ora ana samubarang gegayutan
Sing entheng lakonane sathithik entuk
Pacoban aja mung nggrundel, terus kok
Gawe abot yen dirasa mbendina
Mesthi saklawase pacoban iku
Bakal dadi pacobaning uripmu.

Terbit : 29 September 2016, /Kamis.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...