Rabu, 05 Oktober 2016

Pamit mulih (GEGURITAN)

Tumetesing waspaku
Ora tega rasaning atiku
Ninggalake sliramu adoh saka Aku,
Tansah katon esemmu
Kebak ngawe-awe ing ngarepe mripat,
Aku tansah sumanding sliramu.


Ora nyono-nyono
Yen ngene kedadeyane Aku bakal
Tumut andhereake Rama lan Ibu
Mulih menyang ndesaku,
Ora ngiro-ngiro
Yen ngene baline iku dudu panyuwunku
Wekasan mung welingku Aku titip
Kembang mawar biru openono kanggo
Pratandha tresnaku mring sliramu.
Lilanono pamit mulih iki
Mesthi kula kang entuk sesulih
Donganono bakal cedhak marang
Sedaya kang dituju, wis rampung crita
Suci sajroning ati kudu buyar amerga

Kahanan sing ora bisa mesthekake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...