Sabtu, 19 November 2016

Wuyung

WUYUNG
Dening : M.FARID CAHYA HENDRAWAN
Kayungyuning endahing sekar
Sinajar dene purwakaning ati
Ngawe-awe ing ngarepe mripat
Miwiti penggaweyan dina iki
Kleyang-kleyang godhong waru
Ing ngarep plataran omah
Modal-modal ngronceki wuyung
Sing mung ngegodha ati.

Pacobaning urip
Kang kelakon wayah esuk awan
Lan wengi mung nguciwakake ati
Mangan ora doyan amarga
Tansah kapiran karo wong
Sing diimpi-impi saben wengi
Ora jenak dolan lan gegojekan
Sebabe kasepen mung turu ijen
Ora ana kanca sing gelem mbaturi.
Adoh saka caketing ati
Mung cedhak saka kusumane ati
Tansah mulati kasetyaan
Sing kaukir-ukir endah sarta edi peni
Agawe pangeraming ati.

Duh wong ayu
Kang dadi pepujaning atiku
Apa ora trenyuh batinmu
Kang suci apa ora nandang
Lara bronto yen kamengka
Weruh atiku kairis-iris
Amerga solah lan polahmu
Baliyo mrene duh wong ayu.

Terbit :

              Senin, 24 Oktober 2016.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...