Mengeti Pahlawan
Dening : M.FARID CAHYA HENDRAWAN
Angin sumribit tansah
rerinduan
Nyaponi larahan sing
tleceran
Ngebaki dalanan kang
katon sumebyar
Bleduke ratan tansah
bebarengan
Nggondeli pawigatan
sing rada alum
Kelayon marang rusake
jaman.
Negari ingkang sampun
mardika
Bebas saking tangane
Kompeni
Lestari raharja ing
bumi pertiwi
Wutah getih ingkang
sampun ngalir
Rumasuk ing saben-saben
dalan
Kang tinetes rikala
awan lan wengi.
Ilange panjajahan anane
kamardikan
Ngusir para Jepang lan
Walanda
Mulih mabur dhuwur
mbuang kasengsaran
Kang wis di adol tinuku
ing saben wektu
Sampun kabayar kontan
dening
Jasa-jasane para
Pahlawan Indonesia.
Saiki Indonesia mardika
lan mulya
Ing Palagan sedaya
kembang bangsa
Wis turu kanthi ayem
tentrem
Wis ngerasakake artine
perjuangan
Matur nuwun duh
Pahlawan Bangsa
Setya tuhumu migunani
marang
Putra lan Putrining
Bangsa.
Terbit :
Senin, 24 Oktober 2016.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar