Sabtu, 19 November 2016

Eling-Eling

Eling-Eling
Dening : M.FARID CAHYA HENDRAWAN


Manungsa iku aja tumindak
Sembrono saudele dhewe nglakoni
Sambung urip ing donya iki
Manungsa kudu nduweni unggah-ungguh
Tata krama aja sukur polah terus
Nggawe sakabehane bubrah.
Bebasane urip ing donya iki
Amung mampir ngombe sirahmu aja
Gumedhe yen penak sathithik
Yen Gusti ngersakake pacobanmu
Mesthi luwih abot tinimbang
Kasombongan sing kok andelna.
Eling-eling
Marang luhuring kabudayan Jawi
Nyambut gawe sarta ati-ati
Saha gemati
Eling-eling
Marang sedulur wong tuwa lan
Bangsa nganti mbesuk ing alam
Sing langgeng yaiku Suwargi.
Kita kudu eling
Donya kang gemebyar ing mata
Amung kembange nitra nanging
Sing sayekti nganti mangsa
Pamungkas yaiku ing taman Suwarga.

Terbit : 06 November 2016,
              Minggu.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...