DONGA
Dening : M.FARID CAHYA HENDRAWAN
Duh Gusti mugi-mugi
Ing dhalu iki keparenga
tansah
Paring rahmat lan
kanugrahan
Saking kang Murbing
dumadi.
Tangan loro kekarone
Nengadhah mendhuwur
ngucapake
Dedonga hangaturaken
sedaya
Panyuwunan saha raos
syukur
Dhumateng kabecikaning
Gusti.
Duh Gusti ingkang Maha
Pituduh
Paringana dalan kang
kenceng
Supados gesang ingkang
Kita lampahi
Bakal raharja lan
santosa.
Mugi-mugi mboten wonten
malih
Samubarang kasusahan
sarta
Kaberkahan sing sarta
kapurih ing
pagesangan punika
wasana semanten
Pungkasanipun donga
mugi kapiyarsa
Urip kang ngawiji saha
amranani.
Terbit :
Selasa, 25 Oktober 2016.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar