Sabtu, 19 November 2016

Nadhar


Nadhar
Dening : M.FARID CAHYA HENDRAWAN

Tembunge wis ora kena diilangna
Saka sak pocapane lathi
Unen-unen sing wis kumecar
Mangsuli sak anane pitakonan
Amerga wis ngucapake tembung
Nadar sing kudu enggal-enggal
Dipastekake kawujudane
Aja nganti mung sewatese
Omongan lamis bae.
Nadyan mung kalebu saukara
Nanging sedaya niku sampun kaserat
Dening undang-undange Negara
Sing ngenani hukum lan perkara.
Tembung nadhar kanggo pepeling
Para kadang kabeh sing padha
Keblanjur ngucap endang age-age
Ditindakna wujud nadhare.

Terbit : Kamis,

              27 Oktober 2016.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...