Sabtu, 17 Desember 2016

Aja Lamis

Dening : MOCHAMMAD FARID CAHYA HENDRAWAN
Karakit : Rabu, 30 November 2016.

Aja sok gampang lamis
wong urip  kudu  nindakake  kuwajibane 
menawaa  wis  nduweni  prasetya
tan  sayokja  yen  lamis  di  tumrapna
marang   sanak  lan  sedulur
Aja sok  ngumbar  janji
yen  ora  kepengin  di  titeni
janji kuwi  ngucapake iku  entheng
ning   mbuktekake  sing  rinasa  abot
Aja sok  tumindak  sujana
yen ora gelem  entuk  angkara  murka
laksanakna sholat  limang  wektu
supaya  uripmu  bisa  kauni-uni
manembah  marang  kang  purbing dumadi
lan  bisa  menehi  urip  sing  ayem  tentrem
ora  kapikiran  penggaweyan  sing ala
Aja  sok  lamis  tetembunganmu
lamis kuwi  kasile  mesthi  gawe
drengki  marang  wong-wong kabeh
sing kok  bujuki  mula  saking
kuwi  aja  lamis  ning   donya  satenane
mung  saumurane  jagung  dadi
tegese  aja  lamis  lan  sing  waspadha.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...