Dening : MOCHAMMAD FARID CAHYA HENDRAWAN
Karakit : Rabu, 30 November 2016.
Pancene Aku
sing keliru
wis dadekake sliramu supaya
sambung
tresna sing dak
gondeli nganti
ing dina iki
ora bisa maneh
gondeli
katresnan iki
Slendang
sutra kuning dadi
tombo
nalika Aku
kangen marang sliramu
Slendang
sutra kuning tandha
mata
nalika biyen tresnaku
marang
sliramu
nganti selawase ning
kepriye mung
sakmene wae
Slendang
sutra kuning
Mung jenengmu sing
dak ucapake
nalikane ana geguritan
sing lagi
dak tulis saktenane
aku durung
ngandel
menawa slendang sutra
kuning
durung bisa nyanding
aku lan sliramu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar