Sabtu, 17 Desember 2016

Baline Gelang kalung

Dening :MOCHAMMAD FARID CAHYA HENDRAWAN
Karakit: Kamis, 01 Desember 2016

Sliramu  mung  tansah  dak  impi
nalika  udan  deres  wanci  ratri
Sliramu  wis  suwe  ketandur
ing  plataran  atiku awit  kawitane
aku  tetepungan  karo  sliramu
Gelang  kalung   minangka  wewujud
tresnaku  marang  sliramu  sing
wis  paripurna  sakdurunge  baline  sambung
bebrayan  iki  kadhisik  bali  maneh
Gelang  kalung  sing  pepaes  ayu  ing
gulu  lan  tangan  kekaromu  menawa
dadi  buktine  yen  tresnamu  sampun
di ronceni  marang  gelang  kalung
Gelang  kalung  wujude  pralambang
Lara  rekasane  anggonku  nyanding

Tresna  lan  sliramu  karo  awakku

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...