Dening : MOCHAMMAD FARID CAHYA HENDRAWAN
Karakit : Selasa, 29 November 2016.
Surya ku
Kauripan iki tansah
edi peni
amerga ana
sliramu yaiku Rama
sliramu dak umpamakake
kados
surya ben rina lan wengi
dalan uripku
bisaa mukti lan wibawa
Rama dradasan banyu keringetmu
sing saben wektu tumetes ing rahimu
wujude pangorbananmu minangka
maringake nafkah kagem anak
sarta garwamu
Rama sliramu
sinawang bungah
rikala ngaweruhi
yen Aku sampun
dumugi ing swasana
kamulyan
sedaya niku tansah
gawe eling
rekasane uripmu nalika sliramu
kok lakonake kaya dene surya sing
tansah madhangi
jagad raya nadyan
kadhang kala ora
ana walesane apa-apa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar