Sabtu, 17 Desember 2016

Tresna Sudra

Dening : MOCHAMMAD FARID CAHYA HENDRAWAN
Karakit : Jumat,25 November 2016.


Tresna  iku ora mandhang  saka
akehe bandha lan sugihing donya
tresna  iku merlukake  katulusan
tresna  iku  pancen mbutuhake
rekasa  wong  urip  bakal nemoni
apa  kang  diarani  tresna nanging
kahanan  lan  wektu  sing  mlaku
sayaa  kewalik  karo  kanyatan
Dadi wong   melarat kuwi  mesakake
yen  ora ana bandha  donya sing  akeh
Wong kang  ditresnani  mesthi  ora
gelem nampa  tresna  saka  kita
gesang punika bebasane  ilining banyu
mandheke ora  bisa  di pasthekake
menawa bakal  kandheg  ing  kali
utawa terus  netes  tekan  segara
karepan  anak  lan  wong  tuwa
pancen ora  kena  di padhakake
wong  sing di  tresna  luwih  mulya  saka
sandhangan  apik  sing  di agemake
panganan sing mbendina  di  dhahar  ing  weteng
nadyan  kadhang  kala  kakurangan
Aku  ora  nganti  pasrah  menawa  ana
kahanan sing  dipun  lampahi bakal  lara utawa
susah  tembe mburine nanging  dak  perjuangake
kanggo dadekake sliramu ben age-age
enggal dadi katresnan kanggo Aku nganti
pedhoting pati ngancani.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...