Sabtu, 17 Desember 2016

Ilange Gelang alit

Dening  : MOCHAMMAD  FARID  CAHYA  HENDRAWAN
Karakit :  Rabu, 30 November 2016.


Wis  sakmene  lawase  anggonku
Ketaman asmoro  marang  wong  sing
wis  gelem  mampir  ing  atiku
gelang  alit  sing  dak  tukokake
banjur  ilang  tanpo  paran
kabuwang  muspra  tanpa  swara
nelangsane  aku  wis  bodho  marang
jenenge  tresna  gelang  alit  ora
di agem  maneh  ing  driji  malah
mung  ngebaki  tangis  njeroning  ati
Gelang  alit  tresnaku  dadi  pepeling
yen  Aku  nyawang  sliramu  saka  dompetku
pungkasane  kepriye  kabarmu  saiki 

genyo  kok  ngilang  nganti   wayah  saiki

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...