Dening : MOCHAMMAD FARID CAHYA HENDRAWAN
Karakit : Rabu, 30 November 2016.
Thole bocah bagus katresnanku
mreneya
Biyung arep piweling
marang kowe
Thole saiki kowe
wis dadi wong
gedhe
biyen dak openi
nalika isih cilik
dumadakan
saiki sira wis
kaya mangkene
Thola bocah pinter pepujanku
masiyo aku wis rampung ngapinterake kowe
elingana
marang wong tuwa lan
dulurmu
aja sok dumeh lan
gumalunggung
manungsa kuwi ora
ana tandhingane
karo sing
maha kuwasa mulane
Thole
manungsa kudu ati-ati
lan gemati
Thole dina iki
kowe bakal ngawiti
bebrayanan
marang garwamu
dak suwun aja
nganti saking tresna
karo garwamu Biyung mu
kok anggepi
dadi wong
liya ati-ati Thole
Biyung mu
mung bisa matur
mangkunu
Marang
sliramu donga lan pangestu
saha pitutur tansah
reruntungan ing sliramu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar