Dening : MOCHAMMAD FARID CAHYA HENDRAWAN
Karakit : Selasa, 29 November 2016.
Sinarmu katingal
terang
agawe terang lumakuku saiki
Lumaku sing arep budhal
nggoleki
dalane kasuksesan
Biyung jasamu pindho surya
sing bakal murup nganti tekane pati
katresnanmu
sampun sumebyar
nganti pucuking dalan nganti ora
ana maneh tembung sing dak kawentarake
kajaba mung tresna kanggo sliramu
Biyung nyuwun agunging samodra
bilih menawa tekan wayah saiki
dosa-dosa kawula gawe kuciwaning
atimu sing suci saka rusuhing lathi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar