Sabtu, 17 Desember 2016

Rajekwesi Ninggal Janji

Dening : MOCHAMMAD FARID CAHYA HENDRAWAN
Karakit : Kamis, 01 Desember 2016.


Di sekseni  marang  montor  becak  bis
lan  kandaraan  liyane  aku  lan
kowe  sawektu  budhal  menyang  perantauan
golek  kabegjan  saha  kamulyane
gesang  ing  mangsa-mangsa  mburi
mung  sewates  tekad lan  niyat
adoh  saka  anak  lan  wong  tuwa 
madhep  manteb  gayuh  lintang
ing  awang-awang
Terminal  Rajekwesi  Bojonegoro
wis  katon  tumata  dadi  pangeraming
rasa  lan  jiwa
Sliramu  ninggalake  janji  bareng  kok
budhal  menyang  manca  kutha
oleh-olehane  amung  nangis
ing  rikala  suryane  manchala  mega
Terminal  Rajekwesi  dadi  tetunggon
Aku  nalika  ngenteni  tekane  lungamu
dak  anti-anti  balimu  mugiya  sageda

Aku  kumpul  maneh  karo sliramu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Banyu Tresna

Banyu Tresna Karya : Moch.Farid Cahya Hendrawan Ana sawijining tresna tresna suci kang tak rangkep kelawan dedonga lan tetul...